Covenant Protestant Reformed Church
Bookmark and Share

Pangakenan Pitados Athanasius

 

  1. Sinten kemawon ingkang kepingin nggayuh karahayon kedah ngegumi iman Katolik.

  2. Saben tiyang ingkang mboten ngugemi badhe nemahi karisakan langgeng.

  3. Iman katolik inggih pinika, kula manembah dhateng setunggal Allah ingkang Tritunggal sarta Tritunggal ingkang nyawiji.

  4. Tan kalebur nyawiji ugi datan pinisah datipun.

  5. Awit Sang Rama puniko setunggal. Kang Putrs Pribadi sanes lan Roh Suci ugi pribadi sanesipun.

  6. Ananging Sang Rama, Sang Putra lang Sang Roh Suci mujadaken setunggal dat Ilahi ingkang kagungan kamulyan kaluhuran saha pamesasinipun langgeng.

  7. Sang Rama mujudaken pribadi, Sang Putra ugi satunggaling pribadi, makaten ugi Sang Roh Suci.

  8. Sang Rama mboten katitahaken, Sang Putra mboten katitahaken, ugi Roh Suci mboten katitahaken.

  9. Allah Sang Rama Maha Agung, Sang Putra Maha Agung, makaten ugi Sang Roh Suci Maha Agung.

  10. Allah Sang Rama langgeng, Sang Putra langgeng, makaten ugi Sang Roh Suci langgeng.

  11. Ananging mboten wonten tiga ingkang langgeng, nanging namung setunggal ingkang langgeng.

  12. Nanging mboten wonten tigang pribadi ingkang mboten katitahaken ugi mboten wonten tiga ingkang Maha Agung, namung setunggal ingkang datan cinipta saha setunggal ingkang Maha Agung.

  13. Kanthi patrap ingkang sami Sang Rama maha kuwasa, Sang Putra maha kawasa, Sang Roh Suci ugi maha kawasa.

  14. Nanging mboten wonten ingang maha kawasa tiga, namung setunggal ingkang maha kawasa.

  15. Sang Rama punika Allah, Sang Putra punika Allah sang roh Suci ugi Allah.

  16. Nanging mboten wonten Allah tiga, namung setunggal Allah.

  17. Sang Rama punika jumeneng Gusti, Sang Putra punika Gusti, Sang Roh Suci ugi Gusti.

  18. Ananging mboten wonten Gusti tiga, namung wonten setunggal Gusti.

  19. Kadosdene paugeran Kristen ingkang dipun dhasari kaleresan kangge angakeni bilih para pribadi kala wau pinisah antawisipun Allah lan Gusti, iman Katholik ngakeni bilih mboten wonten Allah tiga lan Gusti tiga.

  20. Sang Rama mboten kinarya, mboten cinipta, lan mboten kawiyosaken.

  21. Sang Putra mijil saking Sang Rama , mboten kinarya lan mboten cinipta, nanging kawiyosaken.

  22. Roh Suci mijil saking Sang Rama lan Sang Putra, mboten kinarya, mbotan cinipta sarta mboten kawiyosaken.

  23. Mila saking punika namung wonten setunggal Allah Sang Rama, mboten tiga, setunggal Sang Putra mboten tiga, setunggal Roh Suci mboten tiga Roh Suci.

  24. Ing salebeting Allah Tritunggal mboten wonten ingkang wiwitan lan pungkasan, mboten wonten ingkang langkung mulya utawi ingkang nista.

  25. Tetiganipun mujudaken dat ingkang sami saha langgeng, pramila pantes sinembah lan pinuji.

  26. Pramila dhateng sok sintena ingkang anggayuh karahayon kedah anggadhahi panggangep makaten.

  27. Kajawi punika kangge anggayuh gesang langgeng kedah pitados kanthi setya tuhu dhateng panjalmanipun Gusti Yesus Kristus.

  28. Pitados bilih Gusti Yesus Kristus punika Allah, ugi manungsa (punika iman ingkang leres).

  29. Panjenenganipun pinika Allah minjil saking Sang Rama wiwit kalanggengan, ugi manungsa ingkang kawiyosaken kaliyan Sang ibu ing zaman ingkang pinasthi.

  30. Allah ingkang sampurna, manungsa ingkang sampurna ingkang kadunungan raga, nyawa lan sukma (Rohipun Allah piyambak ).

  31. Sejajar kaliyan Sang Rama ing bab kaillahianipun,nanging ing bab kamanungsan mboten nyameni Panjenenganipun.

  32. Senadyan ta panjenanganipun pinika Allah lan ugi manungsa nanging mboten ateges kalih pribadi nanging namung setunggal: Sang Kristus.

  33. Mboten karana ingkang illahi maujud daging, ananging karana kamanungsanipun ingkang kasinungan ing Allah.

  34. Nyawiji mboten ateges manunggaling dat ananging manunggaling Pribadi.

  35. Kados dene raga, nyawa lan sukma mangun wujudipun manungsa, makaten ugi Allah asarira manungsa wonten ing sang Kristus.

  36. Ingkang nandhang sangsara kangge nebus kita, tumedhak dhateng teleng palimenganing pati, ing tigang dintenipun wungu saking antawisipun tiyang pejah.

  37. Sumangka dhateng swarga, pinarak ing tengening Allah Sang Rama ingkang Maha Kawasa, lan badhe rawuhipun kangge ngadili tiyang pejah lan tiyang gesang.

  38. Nalika rawuhipun, sedaya manungsa ingkang pejah badhe tangi malih lan badhe atur panjawab tumrap pandamel lan pakartinipun piyambak-piyambak nalika gesangipun.

  39. Ingkang tumindak sae badhe nampi gesang langgeng, dene ingkang tumindak duraka badhe kaukum ing neraka langgeng.

  40. Punika pangaken iman Katolik, rahayu dhumateng tiyang ingkang setya tuhu anggondheli kapitadosanipun.

Translator: Rev. Sukardi from Malang