Covenant Protestant Reformed Church
Bookmark and Share

Pangaken Pitados Nicea

 

Kawula pitados dhateng Allah Ingkang Maha Tunggal, Rama Ingkang Maha Kuwaos, Ingkang nitahaken langit kaliyan bumi, saha sedaya ingkang ketingal kaliyan ingkang samar.

Inggih dhateng Gusti Yesus Kristus Ingkang Putra ontang-anting, miyos saking Sang Rama saderengipun sedaya ingkang dumados, Allahing para Allah, sumbering pepadhang, Allah Ingkang sejatos, kawiyosaken mboten katitahaken, sami dados dene Allah Sang Rama, saha saking Panjenenganipun sedaya perkawis katitahaken.

Tumedhak saking kraton swarga kagem para umat tebusan, kanthi kuwaosing Sang Roh Suci miyos lantaran prawan Maria, manjilma dados manungso.

Kasalib kangge kita nalika jumenengipun Pontius Pilatus, sangsara, seda lan kasarekaken,

Ing tigang dintenipun wungu malih, nyecegi suraosing Kitab Suci,

Sumengka dhateng swarga, pinarak wonten tengening Allah Sang Rama,

Panjenenganipun badhe rawuh malih kanthi kamulyan, kangge ngadili tiyang ingkang gesang, mijil saking Allah Sang Rama lan sang Putra. Ingkang sinembah tuwin kamulyakaken kados dene Sang Rama lan Sang Putra.

Kula pitados wontenipun Pasamuwan Kristen setunggal ingkang suci, sarta wradin.

Kula pitados datheng baptisan minangka pratandha penebusing dosa,

Saha kula ngrantos tanginipun raga saking antawisipun tiyang pejah,

Sarta gesang langgeng sasampunipun seda. Amin.